Nggo bocah cilik, barang anyar sing diduweni kuwe kaya bekal ben dadi lewih percaya diri pas nglakokna kegiatan sedina-dina. Hal kie digambarna kaya pengalamane Soleh karo sandal anyare.
Alkisah urip bocah cilik nduwe aran Soleh sing urip karo biyung lan mbah kakunge. Bapane Soleh kudu nyambut gawe ning luar kota dadine ora saben dina bisa mbatiri Soleh. Diceritakna, suatu hari sandal duweke Soleh putus, deweke balik maring umah karo keadaan sing murung terus njaluk maring biyunge kon nukokna sandal anyar sing kembar.
Sebab kondisi ekonomi sing ora patia apik, biyunge pun ora langsung bisa nukokna sandal anyar. Tapi mbah kakunge sing sedina-dina dodolan hiasan umah sekang pring meneng-meneng nukokna sandal anyar nggo Soleh. Banget bungaeh Soleh. Mulai wektu kuwe, Sholeh mangkat maring mesjid kambi semangat sing lewih gede sekang biasanae.
Tapi mesem ning raine soleh ora tahan suwe, balik sekang mesjid deweke balik murung karo nyangking sandal anyare. Soleh usaha mbeneri sandal lawase nggo dienggo maning. Weruh hal kaya kuwe mbah kakunge ngrasa heran, terus takon, “Sandal anyare keprimen?”
“Jere batir-batir ning mesjid sandal anyare ana tulisan Allah, dadi nekan dienggo pada baene ngenyek Allah,” jawabe Soleh sing banget lugase
0 comments:
Post a Comment