Sunday, 8 May 2016

Saking Ora tahan, Marinir AS mutung pas latian bareng karo TNI nganti njaluk balik

 

Kekuwatan militer Amerika saiki memang sing paling kuat ning dunia deweke kabeh di pepeki karo macem-macem prabot karo senjata senjata sing canggih bandingna karo militer Indonesia mung ngunakna persenjataan sing wis jadul, tapi senajan ngunu aja anggep gampang tentara Indonesia jebulane nduweni kemampuan sing hebat dibandingna karo pasukan Amerika.
Buktine kuwe pas pasukan TNI latian karo pasukan marini Amerika. Sepuluh prajurit Marinir Amerika sing arane United States Marine Corps (USMC) terpaksa kudu dievakuasi gara-gara keselen pas njalani latian tahan urip neng njero alas Selogiri, Banyuwangi, Jawa Timur, Selasa. Staf Dinas Penerangan (Dispen) Korps Marinir Lettu Mar Mardiono nglaporna kawit dina Senen (19/10) nyampe dina Selasa (20/10), kecatet 10 prajurit Marinir Amerika sing tumbang terus ora sanggup nglanjutna maning latian survival gara-gara keselen terus ora tahan karo cuaca tropis.
“Misale, Ranus (26) sing nduwe pangkat BFC lan lairan California, kuwe anu salah siji sekang 10 Prajurit Marinir Amerika sing kepaksa kudu dievakuasi tim medis sekang Korps Marinir Indonesia,” Jerene, dibatiri kancane Serda Mar Kuwadi.
Prajurit pasukan khusus Intai Amfibi Marinir TNI AL nglakokna “Swamp Forest Patrol” utawa patroli neng njero rawa kawasan alas bakau Parang Kursi, Lampon, Pesanggaran, Banyuwangi, Jawa Timur, dina Rebo (8/4). Latian kuwe anu bagian sekang Latihan Standar Kemampuan Perorangan Dasar (SKPD) lan Latian Standar Kemampuan Perorangan Lanjutan (SKPL), sing terdiri sekang mbedhil reaksi lan barikade, mbedhil tempur offensif terus nglakokna patroli intai tempur karo taktik kondisi tertentu. 
Latian Survival kuwe meluni 362 Marinir Amerika sing dipandu 16 pelatih, telu interpreter (penerjemah), papat personel komunikasi, lan lima Prajurit Regu Pandu Tempur (Rupanpur) Korps Marinir TNI AL. Kegiatan survival kie anu bagian sekang rangkean Latian bareng (latma) Marinir Amerika karo Indonesia sing bertajuk “Interoperability Field Training Exercise (IIP?FTX) .
Latma sing dikomandani Kolonel Marinir Nur Alamsyah kuwe dilakokna ning patang tempat, yaiku neng Pantai Banongan, Puslatpur Marinir Karangtekok, Kecamatan Banyu Putih, Situbondo, Pasewaran, karo alas Selogiri Banyuwangi. Neng Selogiri, 362 Prajurit Marinir Amerika sing njlajahi alas liar kuwe dibagi dadi rong gelombang sing nggal gelombang dibagi dadi limang tim karo didampingi pelatih lan dokter sekang Korps Marinir TNI AL.
Siji per siji tim dimangkatna mlebung njero alas, tapi panitia wis nyiapna rintangngan karo jebakan ranjau sing dipasang samangkana rupa dadi tantangane, dadine sepisan krungu suara ranjau sing mbledug sekang walike rerimbunan alas. Bledugan kuwe nggawe para prajurit kalang kabut, tapi deweke kabeh tetep pada berkoordinasi neng jero siji komando karo komandan regune.
Dedurunge njalani perang neng njero alas, para prajurit Marinir Amerika kuwe disanguni pirang-pirang pengetahuan karo wawasan terkait cara tahan urip neng njero alas. “Deweke kabeh juga nyong sinauni kepriwe cara mangan wit-witan neng alas, ngadepi hewan di antarane ula karo jenis binatang buas liyane,” jere Kepala Tim (Katim) Survival Kapten Marinir M Machfud. 
Pelatih liyane, Pelda Marinir Mujiono mraktekna kepriwe cara sing bener neng hal njinakna ula. Pirang prajurit Marinir Amerika juga ana sing nyoba mangan pirang jenis wit-witan liar. Karo bekal logistik sing terbatas, sawong tentara memang dituntut tahan urip. Saben gelombang Latian Survival kuwe mangan waktu patang dina patang wengi.
“Deweke kabeh ngadepi tantangan abot, senajan deweke kabeh nggawa perlengkapan tempur kaya bedil laras dawa M.16 A4, GPMG, senjata canggih liyane sing dilengkapi karo infra merah, peralatan komunikasi sing cukup canggih, lan alat digital petunjuk posisi neng bumi (Global Positioning System/GPS)

0 comments:

Post a Comment

luvne.com ayeey.com cicicookies.com mbepp.com kumpulanrumusnya.com.com tipscantiknya.com