Sejatine wong sing wis langka nyawane kuwe mustahil bisa nglakokna aktivitas, tapi kie anehe.
Aran Amokrane Sabet dadakan dadi viral sawise gawe resah wong-wong Bali karo polaeh, terus mateni Brigadir Anak Agung Putu Sugiarta nggo wolung tikaman nganti akhire tewas dibedil ding polisi. Sing ngejutna, pirang jam sawise dinyatakna tewas,status Facebook (FB) Amokrane malah diupdate. deneng bisa yah?
Amokrane tewas sawise dibedil kanca-kanca polisi sekitare jam 11.30 WITA. Tapi, status FB Amokrane diupdate sekitare jam 7.41 pm waktu setempat.
“What else should i say.,?? It’s all over, All i do is probably beyond my control. I personally apologize to all m behaviors that harm others.,” tulisan status ning akun FB nduweke Amokrane nadane njaluk ngampura marga kelakuane sing ngrugikna sesama.
0 comments:
Post a Comment