
Kabar duka teka sekang Desa Karanglo, Kecamatan Kerek, Kabupaten Tuban. Kepriwe ora, 61 wargane mati mung jangka waktu 45 dina.
Angka kie lumayan fantastis. Nginget rata-rata angka kematian ning desa kuwe biasane berkisar antara 4 nyampe 5 wong perwulan.
kejadian ora biasa kuwe mulaine kawit minggu keloro ning wulan Februari 2016 wingi. Penyebab kematiane macem-macem, mulai sekang lara paru-paru, stroke, nyampe mati gara-gara kecelakaan.
“Catatan desa wis ana 61 warga sing mati ning jangka waktu kuwe (40 dina),” jelase Kepala Desa (Kades) Karanglo, Sunandar, sawise teka ning pemakaman salah siji wargane, Dina Jemuah (1/4/2016).
Sekang total 61 wong, sekitar 60 persen disebabna lara paru-paru, 20 persen lara stroke, terus sisane kuwe warga sing memang usiane wis tua.
Sunandar njelasna, usia warga sing mati bervariasi, mulai sekang 40 taun nyampe 60 taun. Deweke ngaku nembe saiki nemukna jumlah wong mati banget akehe, karo jangka waktu sedela terus terjadi ning desa siji.
Matine warga Desa Karanglo memang ora terjadi nggal dina. Tapi, sedina wong mati bisa ana 2 nyampe ping 4. “Nganti modin (perangkat desa urusan agama), kudu mbagi waktu sebab sering sedina kuwe ana lewih sekang sewong sing mati,” jelase Sunanda.
0 comments:
Post a Comment