
pean ngerti ora, mangan mie karo sega kuwi ora apik banget nggo awake dewe. Sebab nekan dewek telisik lewih adoh, Mie kuwe panganan sing akeh ngandung karbohidrat. Terus Sega kuwe ngandung karbohidrat. Padahal awake dewek juga perlu asupan protein, lemak baik, mineral dll. Dadi aja asal panganane kuwe enak tok, tapi juga kudu merhatikna kecukupane gizi sing liyane juga.
Ngonsumsi sega putih karo mie instan kuwi hasilna kurang lewih sekitar 750.000 kalori perporsi. Hal kie ora apik nggo awake dewek, apa maning sing lagi nglaksanakna program diet. Secara normale, panganan sing mlebu maring awake dewe di cerna arep dadi gula karo arep nyebabna pankrease dewe hasilna hormon insulin. Nekan dewek mangane akeh terus kalorine duwur kuwe dadi hormon insuline juga arep nglonjak duwur terus hal kie ora apik, sebab bisa ngakibatna pankrease dewek overload apa ngalami “keselen” terus akibate pankrease rusak terus nimbul penyakit diabetes apa penyakit kencing manis.
Dadi bisa disimpulna bahwa “bahaya mangan mie karo sega ngakibatna penyakit kencing manis”.
pean diet lemak karo protein tapi pean males nggo olahraga lan beraktifitas, maka karbohidrat kie arep dipecah maning dadi lemak. Numpuke lemak kie ora mung ning hati, nekan lemak sing jahat arep diproses (metabolisme) ning sistem pencernaan terus arep dikirim maring hati. Nah nekan lemak sing apik sing diproses terus di kirim maneh gmaring hati mungkin ora masalah, nah kepiye nekan lemak jahate sing diproses terus kemudian dikirim maning maring hati? tentune dadi sesuatu sing ora sehat nggo hatine dewek .
Seliyane kuwi, bahaya mangan mie instan karo sega kuwe bisa ngakibatna obesitas. Nekan ukuran lingkar weteng lewih saka setengah duwure awak arep micu pirang-pirang penyakit, salah sijine kuwe penyakit diabetes melitus apa kencing manis.
0 comments:
Post a Comment