Zaskia Gotik lagi kena masalah. Pas tampil ning acara musik televisi swasta, Selasa (15/3/2016), sing nembang “Satu Jam Saja” kuwe kopang-kaping ngaweh pernyataan sing dianggep nglecehna lambang negara.
Insiden kuwe mulaine pas Zaskia, Julia Perez, karo Ayu Ting-Ting dolanan kuis sing dipandu ding Denny Cagur.
Pas ditakoni kapan proklamasi Indonesia dikumandangna, Zaskia nulisna “sawise adzan subuh” nggo jawabane. Pernyataan nyeleneh kuwe tambah nggawe sing nonton ternganga pas deweke nulisna “32 agustus” nggo tanggal proklamasi.
Ora mung mandeng ning kono, Zaskia maning-maning nggawe heboh pas ditakoni soal lambang sekang sila kelima pancasila. Julia Perez karo Ayu Ting Ting tah njawabe pari karo kapas, deweke malah nulis “bebek nungging”.
Lataneng, ora suwe sawise acara rampung, Zaskia Gotik langsung olih protes sekang akeh netizen. Deweke pada ngrasa geram karo tingkahe Zaskia sing dianggep ora peka karo kehormatane negara.
0 comments:
Post a Comment